Kamis, 03 Juli 2014

Resensi Buku Perjalanan Sunyi Bisma Dewabrata



Buku kanthi irah-irahan Perjalanan Sunyi Bisma Dewabrata, ingkang dipunanggit dening Pitoyo Amrih, kawedalaken dening penerbit DIVA Press, Yogyakarta, cetakan kaping 1 , Juni warsa 2012. Wondene cacahing kaca inggih punika 476.
            Wonten buku punika, Pitoyo Amrih mbabar cariyosipun Bisma wiwit miyos dumugi pejah. Dewabrata sejatosipun putra Prabu Sentanu lan Dewi Jahnawi. Anamung Dewi Jahnawi punika keturunan dewa ingkang nempuh margi pajahipun njelma dhateng manungsa. Salajengipun Dewabrata dipun susuni kaliyan Dewi Durgandini ingkang dados ibu kuwalonipun. Puncaking cariyos inggih punika sumpahipun Dewabrata ingkang boten nate dados raja Hastipura. Sumpah punika dipun ucap kagem ndamel lega penggalihipun Durgandini ingkang gadhahi pepengen mbok bilih putra kandung durgandini ingkang dados raja. Sumpah punika ugi ndamel Dewabrata tanpi sengaja mejahi putri ingkang dipun tresnani, Dewi Amba. Perang Bharatayuda ingkang dados margi kagem pungkasaning gesang Dewabrata.
            Buku punika kedadean saking 28 bab. Anamung kula badhe mbabar bab 1-14. Bab 1 ngemot “Miyosipun Dewabrata”, bab 2 ngemot “Bukit Talkanda”, bab 3 ngemot “Antasena Meraga Sukma”, bab 4 ngemot “Sumpah Dewabrata”, bab 5 ngemot “Prabu Citranggada”, bab 6 ngemot “Negeri Giyantipura”, bab 7 ngemot “Dewi Amba”, bab 8 ngemot “Boyongan Ambika lan Ambikala”, bab 9 ngemot “Pejahipun Amba”, bab 10 ngemot “Mendhung Hastipura”, bab 11 ngemot “Rama Bargawa”, bab 12 ngemot “Begawan Abiyasa”, bab13 ngemot “Tahta Pandu”, bab 14 ngemot “Miyosipun Kurawa”.
            Miturut pamanggih kula, buku punika sae dipun waos masyarakat. Mliginipun para rumaja kagem nambah ilmunipun babagan cariyos ringgit. Kalangkungan saking buku punika inggih punika, wonten pacelathonipun ingkang dipun damel kadosta guyonan lan bahasanipun ugi gampil dipun mangertos.
            Supados gampil dipun waos, buku punika kedhah dipun paringi gambar, alur cariyosipun dipun damel runtut mawon. Supados tiyang ingkang maos boten bingung.