Asslamualaikum wr.wb
Nuwun, para sepuh, pinisepuh ingkang satuhu pana ing pamawas miwah lebda ing pitutur. Para rawuh, para tamu kakung miwah putri sumrambah para kadang werdha, mudha ingkang satuhu bagya mulya.
Inggih karana lumintuning berkah saha rahmat saking gusti kang maha welas asih, pramila wonten ing kalodhangan menika kula lan panjenengan sedaya dipun keparengaken sami rawuh makempal wonten ing papan menika kanthi kebaking karaharjan, katentreman saha kabagaswarasan. Kanthi menika sumangga sami sesarengan ngonjukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha agung, murih salwiring gati wiwit purwa, madya, wusana saget kasembadan lurus raharjankalis ing rubeda. Sak lajengipun kula ngaturaken solawat sarta salam dhumeteng kanjeng nabi muhammad saw.
Para rawuh ingkang minulya, kaparenga kula ngaturaken rantamaning adicara dhaupipun Nimas Ayu Sela Marsela putrinipun Bapak Sukadar saking Semarang kaliyan Raden Bagus Bambang Prihantoro putranipun Bapak Sucipto saking Demak.Ingkang sampun kalampahan kaijabaken kalawau antawis tabuh 9 enjang kanthi wilujeng boten wonten alangan menapa.
Wondene rantamaning adicara ingkang sampun rinacik lan rinancang nun inggih :
Sepisan, mijilipun penganten putri saking tilam sari, kalenggahaken wonten ing sasana rinengga.
Kaping kalih rawuhipun penganten kakung saking wisma palereman binayangkara lumebet ing sasana pawiwahan kalajengaken adicara pasrah panampi.
Ingkang kaping tiga, upacara panggih saha krobongan jangkep manut ngadat tatacara ingkang lumampah ing tanah jawi.
Kaping sekawan, sungging kulawangsa/foto keluarga.
Kaping gangsal, atur pambagyaharja saking hamengku karsa.
Kaping enem, kirap kanarendran.

Kaping pitu kirap kasatriyan.
Kaping wolu, pitutur luhur saha donga dening Bapak KH. Abdul Salam.
Wonten saksela-selaning adicara kalawau badhe kaaturaken lelipur awujud Campur Sari dening Grup Langen Sekar Saking Demak.
Wondene purnaning adicara kalamun ta risang penganten sarimbit sampun jumeneng wonten korining sasana pahargyan saperlu badhe ngaturaken sugeng kondur dhumateng para tamu saha nyuwun tambahing idi pangestu kanthi wujud ajawat asta/jabat tangan.
Mekaten rantamaning adicara pahargyan ing dinten menika. Sumangga sami ngenut lampahing adicara ngantos dumugi titi purnaning pahargyan. Nuwun.

0 komentar:
Posting Komentar