Ika :”Kapriye, Yan, sekolah ing
SMP seneng apa ora ?”
Muna : ” Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi
dwijane. Ngendikane Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos
jumbuh kaliyan piwucale, menika kados pundi ta, Bu ?”
Ika : “ Karepe ngene, lho. Yen
pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen basa Jawa, ya sing
mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune beda karo ing SD. Ing SD gurune guru
kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Muna : “O, ngaten ta, Bu.?
Ika : “Ya.Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Muna : “Wonten kelas 7 A, Pak.”
Ika : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang
kelas , Yan ?”
Muna : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Ika : “ Mlebu kang kawitan
mau wis diwulang apa, Yan ?”
Muna : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara,
resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken
pitepangan.”
Ika : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya
padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ? Kamangka
bocahe akeh, apa ora rame?”
Muna : “ Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin.
Panjenengane ngendikakake nami saha alamate. Kalajengaken sedaya siswa
setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal
lair, alamat, asmane tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng
sedaya. Dados boten rame.”
Ika : “ O....,
ngono ta. Yo wis ndang mangan kana, segane ning meja.”
Muna : “ Inggih
Bu.”
0 komentar:
Posting Komentar