Buku kanthi irah –
irahan Babad Tanah Jawi (Galuh Mataram), ingkang dipunanggit dening Dr. Soewito
Santoso, kawedalaken dening penerbit Citra Jaya Murti warsa 1987. Wondene
cacahing kaca inggih punika 282.
Wonten buku Babad Tanah
Jawi punika, Dr. Soewito Santoso nyariosaken babad – babad ing tanah jawi
inggih punika galuh, babad pejajaran, babad jakarta, babad pajang – pengging,
babad majapahit, babad demak, babad pajang, lan babad mataram. Anamung wonten
resensi punika kula mbabar babad galuh, pejajaran, jakarta, pajang – pengging,
kaliyan majapahit.
Babad galuh punika
nyariosaken kerajaan galuh ingkang dipunpandhegani dening Prabu Banjaransari.
Sasampunipun Prabu Banjaransari seda, Pangeran wanagada dados raja ing kerajaan
galuh. Babad pejajaran punika nyariosaken kerajaan pajajaran ingkang
dipunpandhegani dening Pangeran Harjakusuma. Pangeran Harjakusuma punika inggih
punika putranipun Prabu Banjaransari ingkang ragil. Babad jakarta nyariosaken
Kerajaan Jakarta ingkang dipunpandhegani dening Sultan Jakarta ngantos kerajaan
punika runtuh amarga Sultan Jakarta nggadhahi watak ingkang mboten sae. Babad
pajang – pengging nyariosaken kerajaan pajang pengging. Kerajaan punika
dipunpandhegani dening Prabu Pancadriya. Babad Majapahit punika nyariosaken
kerajaan majapahit ngantos kerajaan majapahit runtuh dipungantosi kerajaan
demak.
Miturut pamanggih kula,
buku punika sampun sae dipunwaos amarga basanipun gampil dipunmangertosi. Buku
punika ugi sae dipunwaos masyarakat mliginipun kagem nambahi ilmunipun babagan
cariyos babad – babad ing tanah jawi. Buku punika ugi ngemot nile sosial lan
nile moral ingkang luhur.
Nanging, buku punika
boten urut alur cariyosipun. Dadosipun ingkang maos bingung. Supados buku
punika gampil dipunwaos, alur cariyosipun dipundhamel runtut kemawon.
0 komentar:
Posting Komentar