Assalammu’alaikum wr. wb.
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang dahat kinurmatan, Panjenenganipun para pangemban pangembating praja nayakaning nagari, nun inggih bapak kepala desa dalah para perangkat desa ingkang kinurmatan, Wonten ngarsanipun para alim ulama, langkung – langkung dhumateng Bapak Kyai Mustofa panengkaring piwucal agami. Kaliyan uga para hadirin hadirat ingkang winantu ing suka basuki. Sugeng rawuh, wilujeng ndalu lan sugeng pepanggihan.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah SWT ingkang sampun kepareng paring rahmat saha hidayahipun. Saengga kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing masjid Baitussalam punika saperlu ngawontenaken pengaosan ing dalem mengeti dinten Maulid Nabi Muhammad SAW 1434 Hijriyah kanthi boten kirang setunggal punapa.
Bapak, Ibu, Para rawuh saha jama’ah ingkang satuhu kinurmatan. Keparenga langkung rumiyin, kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekaken titi laksananing adicara Pengaosan punika nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan panjenengan sawetawis.
Para rawuh ingkang kinurmatan keparenga kula maosaken menggah - runtutipun adicara pengaosan ing dalu punika :
Adicara kaping sepisan inggih punika Pambuka
Kalajengaken adicara ingkang kaping kalih, inggih punika Waosan Ayat Suci Al-Qur’an ingkang badhe kasarirani dening sedherek Aji.
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga, inggih punika atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani bapak Abdul Majid.
Adicara kaping sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapak Dulyatin minangka kepala desa.
Adicara kaping gangsal, Gema Shalawat Nabi ingkang badhe kasarirani Grup rebana Remaja Masjid Baitussalam.
Wondene adicara ingkang kaping enem, wedharing pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom Bapak Kyai Haji Mustofa.
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan Maulid Nabi Muhammad SAW 1434 Hijriyah ing dalu punika. Mugi – mugi adicara ingkang sampun karantam punika saget lumampah kanthi rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Minangka pambuka sumangga panjenengan sedaya kula derekaken maos basmalah sesarengan. Bismillahirrahmanirrahiiim.
Matur nuwun.

0 komentar:
Posting Komentar