Dek jaman biyen ing salah sawijining
desa, ana mbok Randa sing urip dhewe ora nduwe anak utawa sanak sedulur. Amarga
urip dhewe, mbok Randa ora nduwe bandha donya kang akeh, dheweke urip prasaja,
ayem tentrem karo tangga teparone. Mbok Randa kuwi mau kepengin nduwe anak.
Saben dinane, mbok Randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya
diwenehi anak. Dheweke yakin menawa panjaluke bakal dikeparengake dening Gusti
Allah.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo
sing gedhe dhuwur tur medeni kuwi, si Buto ijo ngomong yen bisa nulungi menehi
anak. Mbok Randa bungah atine krungu kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi
kabeh penjaluke Buto ijo menawa diwenehi anak tenan.
Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake
mbok Randa wis gedhe dijaluk arep dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wiji
timun sing kudu ditandur mbok Randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa
nandur wiji timun iku ana kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi tresna
asih, gemathi, disiram, diresiki sukete lan dirabuk supaya cepet tukul.
Sawise tukul lan dadi wit timun kang
subur, wit timun iku mau wis pada uwoh. Ing antarane akehe woh timun, ana salah
sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane kuning emas lan gedhene sak guling.
Timun iku banjur pecah lan ing njero timun mau ana bayi manungsane.
Mbok Randa bungah atine amarga penjaluke
kepengin duwe anak wis kaleksanan. Mbok Randa ngucapake syukur marang Gusti
Allah amarga dongane wis diijabah. Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus
kaya kulit timun amarga laer saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi
mau dijenengake Timun mas.

Esuke mbok Randa lunga menyang gunung
gandul kaya impene. Sawise ketemu karo pertapa kaya ning impene, mbok Randa
disangoni buntelan kanggo Timun mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye
carane supaya Timun mas bisa oncat saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake
maturnuwun mbok Randa pamitan mulih.
Tekan omah mbok Randa menehi buntelan
kang cacahe papat, lan dituturi piye carane nggunake. Mbok Randa ngongkon Timun
mas lunga saka omah lan mlayu sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep
jupuk Timun mas teka ing omahe mbok Randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis
ora ana. Buto ijo nesu lan ngamuk, kebonne mbok Randa dirusak banjur
bengok-bengok ngoyak Timun mas.
Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae
Timun mas wis meh kasil koyak. Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine
wiji timun. Dumadakan dadi kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg
lan mangan timun sing katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto
ijo kelingan menawa ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh
sing wis mlayu tekan adoh.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang
isine uyah, lan malih dadi segara kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing
segara kuwi mau tetep ngoyak Timun mas lan kasil mentas saka
segara. Timun mas arep kasil koyak
meneh, banjur nguncalake buntelan kang pungkasan.
Buntelan kang isine trasi malih dadi
segara lendhut kang jero. Buto ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut
kuwi mau. Pungkasane Buto ijo kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero
segara lendhut. Timun mas akhire selamet lan urip ayem tentrem karo mbok Randa.