Baladewa
yaiku anak Prabu Basudewa, raja Madura saka ibu yaiuku Dewi Mahendra. Baladewa
duweni dulur kembar yaiku Kresna. Sanajan lair kembar, Baladewa lan adikke ora
padha. Baladewa awake putih kaya bule, nanging adikke awake ireng. Saliyane
Kresna, Baladewa duweni adik wadon yaiku Bratajaya utawa Sumbrada. Sanajan Baladewa moncer dadi raja kang sumeh, jujur, adil,
lan ikhlas. Dheweke ora perkewuh kanggo njaluk ngapura nalika dheweke luput.
Wiwit cilik Baladewa lan loro adikke didhelikke ana ing kademangan
Widarakandang perkara entuk anceman arep dipateni Kangsadewa. Ing kademangan
Widarakandang Baladewa lan adikke diurus dening Demang Abtyagopa lan Nyai
Sagopi.
Ana
ing Widarakandang, Baladewa enom lan duwe jeneng Kakrasana merguru karo resi
jelmaan Bathara Brama ing pertapan Argasonya. Sawise rampung olehe merguru,
Baladewa diwenehi pusaka sakti yaiku pusaka Nanggala sing wujude angkus/mata
bajak, lan Alugora sing wujude gada sing pucukke lancip. Saliyane iku, Baladewa
uga duwe ajian Jaladara sing bisa miber. Sateruse Kakrasana duweni julukan Wasi
Jaladara. Baladewa duweni bojo Erawati anak Raja Salya saka negara Mandaraka
lan duwe anak loro lanang kabeh yaiku Wisata lan Wimuna. Baladewa dadi raja
Mandura ganteni bapakke Prabu Basudewa.
Jeneng
liya saka Baladewa yaiku Kakrasana, Karsana, Balarama, Wasi Jaladara,
Curiganata. Balika perang Bharatayuddha, Baladewa ora melu, amarga diapusi
Prabu Kresna. Baladewa sengaja diselamatke dening Kresna saka kedadean elek
sing arep nimpa awakke, yaiku njaluk Baladewa bertapa ing Grojogan sewu.
Tujuane yaiku supaya Baladewa ora krungu suarane perang, perkara ketutupan
banyu gembrojok. Sawisa perang Bharayuddha, Baladewa sadar dene dheweke wis
diapusi adikke. Baladewa mati ana ing umur wis tuwa. Dheweke uga sempet weruh
Prabu Parikesit dadi Raja Hastipura. Baladewa mati nyusul adikke sing wis mati
dhisik.