Sabtu, 05 Juli 2014

Swarga Nunut Neraka Katut



Unen-unen Jawa iku, yen kakunge dadi guru mula bojone undang-undangane Bu Guru. Yen kakunge dadi kepala desa, bojone undang-undangane Bu Kades. Dadi para pawestri ing nguni, gumantung marang beja cilakane sing kakung, mula kena diunekake “swarga nunut neraka katut”. Saiki ana paraga sing bisa diunekake swarga nunut neraka katut, yaiku para pensiunan. Apa sebabe bisa dipadhakake karo kang kasebut, amarga yen pegawe sing isih aktif diparingi kenaikan gaji apa tunjangan Lebaran, para pensiunan uga diparingi. Nanging yen saka pusat lho, yen kabupaten ora, mung sing isih aktif bae sing diparingi, kena diunekake “habis manis sepah dibuang”.
Mula, panyuwunku marang pamarentah pusat, kersaa maringi hadhiyah Lebaran kanggo pegawe negeri lan pensiunan. Aja mung blanja Desember diajokake, sabab blanja Desember kanggo kabutuhan sasi Desember.

Sudiyana-Purwantoro. Kapethik saka:Panjebar Semangat

0 komentar:

Posting Komentar