Jumat, 04 Juli 2014

Adipati Pathi Ambalela Dhateng Mataram



            Sawise kedadean matine Baron Sakeber, Rara Suli, karo loro putrane yaiku Sirwenda, Danurwenda, Adipati lunga ana Pulo ng sowan ning omahe Pendeta. Adipati cerita kabeh kedadean sing wis dilakoni. Pendeta kaget krung ceritane Adipati. Dheweke meneng sedhela banjur ngomong “ Dhuh, Ananda Adipati, kenapa bisa kaya ngono kedadeane? Ananda nganthi nglakoni iku, saengga bisa diarani yen Ananda ngadhohi lakon kang becik. Ananda dhuweni pangkat karo kuasa, Ananda kudu dhuweni sikap kayata srengenge, panase srengenge iku bakal krasa sithik-sithik. Dadi dhuweni watak ora kesusu.”
            Sang Pertapa menehi akeh piweling. Sang Adipati ngrungoke karo ndhingkluke sirahe. Panguasa kudu bisa adil anggone menehi hukuman. Laku sing  keliru, namung nuruti hawa nepsu iku, saengga Adipati oleh cobaan saka Hyang Widi. Negeri Pesantenan oleh cobaan arupi penyakit. Sang Pertapa uga nyalahke Adipati. Kenapa dheweke m ateni Sirwenda karo Danurwenda. Wong sing ora dhuweni dosa. Adipati ngrungoke kanthi tenanan, banjur jawab “ Dhuh, Sang Pertapa sing sarjana tur mangerti kabeh babagan urip, kabeh sing panjenengan omongke bener kabeh. Maturnuwun.”
            Sang Pertapa mbales kanthi guyu, banjur ngomong “ Ananda aja nesu banjur murka sarta lara ati, sebab entuk krithik saka aku. Saengga mbesuke ora bisa mbedake piweling sing salah utawa sing bener. Piweling iku padha karo obat. Yen dipangan pait rasane, nanging yen wis mlebu ning awak, penyakit bakal ilang.” Adipati jawab “ Dhuh, Sang Pertapa, panjenengan pancen pinter anggone menehi piweling. Dadekake senenging atiku.”
            Sang Pertapa guyu ngrungoke aleman saka Adipati. Adipati banjur ngomong “ Dhuh, Sang Pertapa, aku sejatine ndhuweni pepinginan kepengen pisah karo Mataram. Supaya Pesantenan ngadhek dhewe.” Sang Pertapa kaget banjur menehi pengertian yen Adipati wis diakui kaya anak dhewe marang raja Mataram. Raja Mataram uga banget kasihe marang Adipati. Sang Pertapa ngomong “ Nanging yen pancen iku wis dadi kekarepane Adipati, aku ora bakal nglang-ngalangi. Kabeh sing tak omongke mau amarga aku cinta kasih marang Adipati. Nanging pendapatku, ora gampang nglawan Mataram. Mataram kerajaan gedhe, misuwur ning tanah Jawa. Kuat karo kokoh pemerintahane. Piye Pesantenan bisa menang, sebab Pesantenan ora kaya Mataram. Raja Mataram iku sakti, kekasih Hyang Widi. Kabeh wong  Jawa tundhuk karo Mataram. Mataram ndhuweni panglima perang sing kuat. Dhene Pesantenan ora  dhuwe panglima kaya Mataram. Menurutku, Sirwenda, Danurwenda, Karo juru taman (Baron Sakeber) bisa dadi prajurit andalan.”
            Sang Pertapa uga menehi wejangan yen Adipati aja nuruti nepsu. Perang ora mung nyiapke lahir, nanging  kudu dikuatke karo jiwa, raga. Artine lahir batin kudu kuat. Cara kanggo bisa kuat jiwa, raga yaiku kudu nglakoni 7 isyarat : 
  1.  Watak banyu 
  2. Watak mendung  
  3. Watak bintang 
  4. Watak bumi 
  5. Watak bintang 
  6. Watak geni 
  7. Watak angin
“ Mula kuwi Adipati kudu sabar uga ati-ati. Aja kesusu nuruti hawa nepsu. Luwih apik yen Adipati nerima apa anane. Kudu eling yen Ki Ageng Pemanahan dadi cikal bakal utawa sing pisanan mbukak Mataram. Dheweke berjuang, tapa kanthi khusyuk, ddonga karo Hyang Widi.” Ngendikane Sang Pertapa.
Adipati meneng kaya patung ngrungoke wejangan saka Sang Pertapa. Kudune Adipati nrima apa anane ora usah nglawan Mataram. Nanging Adipati malah nesu, ora seneng, lan iri, sebab Sang Pertapa njunjung Mataram. Adipati pamit, lan ora nuruti wejangan saka Sang Pertapa. Sawise tekan Pesantenan, Adipati langsung mrintahke wargane kanggo siap siaga, mbangun benteng, kanggo nglawan Mataram.