Ibu : “Kapriye,
Yan, sekolah ing SMP seneng apa ora ?”
Yani :
“Wah remen sanget, Bu. Kancanipun kathah, ugi dwijane. Ngendibune Bapak Kepala
Sekolah ingkang mucal dwijane gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucale, menibu
kados pundi ta, Bu ?”
Ibu
: “Karepe ngene, lho. Yen pelajaran Matematibu, ya sing
mulang guru Matematibu, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi
gurune beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani
guru mata pelajaran.”
Yani : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu : “Ya.Kowe
mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Yani : “Wonten
kelas 7 A, Bu.”
Ibu :
“ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Yan ?”
Yani : “ Wonten gangsal
kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Ibu :
“ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
Yani :
“Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas,
lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Ibu : “Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan,
supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Yan ?
Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Yani :
“Dipunwiwiti dening wali kelas nepangake rumiyin. Panjenengane ngendibukake
nami saha alamate. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal
dipundawuhi nepangake kanthi nyebatake nama, tanggal lair, alamat, asmane
tiyang sepuh, saha cita-citane, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten
rame.”
Ibu :
“Kancamu piye Yan? Rak ya apibun kabeh ta?”
Yani : “Boten Bu. Wonten ingkang asmane Rudi menibu
nakal sanget Bu, remene godhani tiyang estri. Kula pengen jotos mawon kok Bu.”
Ibu : “Wis ora entok ngono. Sapa sing nandur
bakale ngundhuh, dadi yen kowe dinakali ora usah diwales, mengko rak Rudi entuk
walesan dhewe saka sing gawe urip.”
Yani: “Nggih
Bu, matur nuwun sampin dipun paringi pitutur ingkang luhur.”
Ibu : “Yo
wis ndang mangan kana, segane ning meja.”
Yani : “ Inggih Bu.”
0 komentar:
Posting Komentar