Pati (26/5), kahanan Desa Sukorukun,
Kecamatan Jaken, Kabupaten Pati nalika coblosan gubernur Jawa Tengah katon
sepi. Ana Desa Sukorukun dibagi 5 TPS, lan jumlah pencoblos aktif 476 wong. Aku
nyoblos ana TPS 5. Wektu iku wis nudhuhake jam 10.30, nanging jumlah pencoblos
iseh sithik. Sebenere jumlah pencoblos aktif ana 192 wong, nanging sing wis
nyoblos antarane 50-60 wong.
Petugas ana ing TPS 5 uga padha
leyah-leyeh. Malah padha nyetel musik dangdut. Ngendhikane
Bapak Sukadar minangka ketue TPS 5 inggih punika “ TPS sepi amarga para warga
akeh sing padha ning sawah lan kerja ana pasar. Lan ugi akeh para warga sing
golput alasane yaiku ora ana dhuwit mudhun, saliyane kuwi para warga ugi padha
ora ngerti sapa sing nyalon gubernur”.
Ana TPS 5, jumlah suara sah ana 192
lan suara ora sah ana 4. Suara ora sah amarga telu-telu calone dicoblos kabeh,
lan malah ana sing ora dicoblos babar pisan. Ana TPS 5, Ganjar-Heru unggul
kanthi 100 suara, disusul Bibit-Sudijono kanthi 75 suara, lagi disusul Hadi-Don
kanthi 17 suara.
0 komentar:
Posting Komentar