Ing sawijining padhukuhan ana kyai kang cikal bakal ing
kono. Amarga kampung iku arane Tarub, mula kyai mau katelah sebutan Kyai Tarub.
Kyai Tarub banget diajeni para warga kampung kono. Kyai Tarub duwe anak lanang
siji kang wis ngancik dewasa utawa jaka. Amarga jejaka mau saka kampung Tarub
mula uga katelah jeneng Jaka Tarub. Jaka Tarub kanoman kang seneng mbebedhag
utawa buru golek manuk. Piranti sing digunakake sawijining tutup lan isine
nganggo sumpit.
Sawijining
dina buru menyang ngalas, tan kocapa nganti nasak meh telenge alas lan ing kono
swarane wanita padha langen suka adus-adusan ing sendang. Dheweke banjur sarana
umpetan ndeleng kang lagi padha adus. Saeba gumune bareng weruh, amarga sing
adus kabeh wanita kang ayu-ayu rupane, banjur tuwuh niyate njupuk salah
sawijining sandhangan sing pranyata widadari mau.
Sawise padha
rampung anggone adus banjur padha nganggo sandhangane dhewe-dhewe. Kajaba,
salah sawijining widadari sing jenenge Nawangwulan kang ora bisa nemokake
sandhangane. Nawangwulan banjur tukar padu karo sanak sedulure ngenani
sandhangane sing ilang. Nanging, sedulur-sedulure kuwi ora ana sing ngerti
babagan sandhangane Nawangwulan sing ilang. Sedulur-sedulure Nawangwulan terus
mabur ing kayangan amarga wis sore. Awit saka bingunge lan wis suwe kungkum
banyu ketrucut omongane. Sapa sing bisa tetulung yen wadon bakal diaku sedulur
dene yen lanang saguh dibojo. Krungu omongane kaya mengkono mau Jaka Tarub
banjur nyedhak lan aweh pitulungan.
Ringkese
carita, Nawangwulan netepi omongane, banjur dadi bojone Jaka Tarub. Urip
prasaja kaya manungsa. Wong loro padha urip ayem tentrem lan sayuk rukun,
nanging sasuwene leladi marang Jaka Tarub, Jaka Tarub durung ngerti anggone
nutu utawa masak kaya cara wong kampung, kabukten parine ing lumbung isih
panggah akeh, dheweke tuwuh rasa jubriya. Nalika Nawangwulan menyang kali, nate
pesen marang Jaka Tarub supaya ora niliki anggone adang. Saeba kagete bareng
weruh sing didang mung pari sawuli, mulane kok parine tetep ajeg akeh. Bareng
Nawangwulan bali saka kali tumuli menyang pawon saperlu ngentas sega, nanging
sing dientas isih ajeg pari. Sawise diundang Jaka Tarub nglenggana kaluputane
banjur nuruti panjaluke Nawangwulan supaya digawekake lesung kanggo nutu pari.
Saiki, yen adang sega mbutuhake pari
akeh kang kudu ditutu, mulane sediyane pari ing lumbung wis meh entek. Ing
simpenan pari mau, Nawangwulan nemokake sandhangane biyen sing ilang. Tumuli
dienggo lan bali menyang khayangan maneh, lan anak sing patutan karo Jaka Tarub
ya Nawangsih diopeni Jaka Tarub ing padhukuhan. Menawa anak lan bojone mau kangen
supaya ngobong merang ing latar lan Nawangwulan bakal tumurun nemoni anak lan
bojone.