Jumat, 04 Juli 2014

Serat Waosan Nayaka Lalana



Judul              : Serat Waosan Nayaka Lalana
Sumber           : Serat Waosan Nayaka Lalana, karangan Mr. Susanta Tirtapraja - Sumarsana, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah, 1980. Balai Pustaka – Jakarta.
Teks Asli        : Pupuh Kinanthi dan Pupuh Dhandanggula
I.                          K I N A N T H I
1.      Derenging tyas angingidung,
apa kang wus sun alami,
wiwit wadya bala Landa,
kiyanat cidreng ing janji,
nyerang tan mawi mawarta,
Indonesia Republik,
2.      Yeku dhawah dinten Minggu,
kaping sangalas nyarengi,
Dhesember ingkang wulannya,
warsa nut tahun Masehi,
sewu sangang atus miwah,
kawan dasa wolu nenggih.
3.      Duk Samana kang ginempur,
dening kapal mabur Wlandi,
lapanganing kapal terbang
Maguwa trus den ebroki,
lajeng sru nyerang Ngayogya,
ibu kotaning nagari.
4.      Duk miyarsa kang wus tempur,
enggal anggennya badhami,
pak Santo lan pak Kasimo,
yeku kekalihnya mentri,
kang nuju wonten ing Sala,
samya tuwi kulawargi.
5.      Kang dadi golonging rembug
wangsul mring Yogya den aglis,
pralu netepi kwajiban,
wit pra mentri rapat pasthi,
jam wolu enjang gya bidhal,
numpak oto kalih sami.
6.      Wauta ingkang winuwus,
dupi prapteng Krapyak desi,
kidul kilen Kartasura,
dwi kapal terbang kaeksi,
anyerang sarwa sru hebat,
swaranya anggigirisi.
7.      Oto kalih samya ancur,
pating cromplong kena mimis,
tujune kang sami numpak,
begja taksih den ayomi,
ing Gusti kang Murbeng Alam,
wilujeng samya basuki.
8.      Nuli numpak kreta wangsul,
neng Kartasura pinanggih,
nayaka Dokter Sukiman,
yeku mentri Dhalam Negri,
ingkang ugi gadhah sedya,
nuju Ngayogya nagari.
9.      Mentri tiga sami rujuk,
wangsul Surakarta nagri,
wit tan luput ing babaya,
yen atrus nglajengaken kapti,
marga kapal terbang Landa,
ganas kejam andhandhangi.

II.                                    DHANDHANGGULA
1.      Enjingira winursita nenggih,
dinten Senen Dhesember wulannya,
kaping dwi dasa tanggale,
ing balai kota kumpul,
walikota Residen tri mentri,
lan pak Gathot Subrata,
militer gubernur,
jendral mayor pak Suharja,
Pak Surasa dene kang dadi penulis,
Sumardi aranira.
2.      Ingkang sampun den putusken sami,
Supayaa pamarentah pusat,
linajengaken sayogyane,
minangka dhasaripun,
putusan kabinet katiti,
Dhesember ping nembelas,
nalika amutus,
wit Presiden badhe tindhak,
mring Indhiah wakil Presiden asakit,
gya badhe istirahat.
3.      Duk samana ingkang dipun srahi,
pimpinane pamerintah pusat,
minangka dadi wakile,
yeku nayaka katelu,
Perhubungan lan Dalam Negri,
katrinya Kehakiman,
supaya sarujuk,
rehning kalih saking tiga,
mentri kempal wonten ing Sala negari,
kuwaos amranata.
4.      Kementriyan sadaya binagi,
antarane nayaka tetiga,
tan lali piprincenane,
wusana dalunipun,
wus prajanji arapat malih,
nanging dupi jam lima,
nungka warta drujug,
bilih mungsuh sampun prapta,
sangang kilo saking Surakarta nagri,
antawis Kartasura.
5.      Sanalika lajeng bidhal sami,
datan saged ngawontenaken rapat,
awit saking kesusune,
duk samana wus nusul,
pak Supena pan lagya prapti,
angempal mentri papat,
nuju Tawangmangu,
pak Pena tuwin pak Santa,
pak Mashadi pak Saleh Susilowati,
samya nunggil pondhokan,
6.      Pak Mashadi kang sinebut nenggih,
yeku ngasta pimpinan jawatan,
Pembangunan bagiyane,
lamun pak Saleh iku,
Perhubungan lan Dalam Negri,
dene asma wanita,
ing ngarsa winuwus,
anggota Badan Pekerja,
ingkang uga byantu pak Pena wus lami,
Susilowati kenya.
7.      Wisma ingkang samya den inepi,
yeku Villa Brandharis namanya,
kang pepak uba rampene,
nunggil wisma sadarum,
pak Sukiman pak Mardi tuwin,
Pak Kasiman Surasa,
Pak Sukarja kumpul,
Mister Kasman lan Prawata,
lan Zaenal Arifin katriya sami.
warga Badan Pekerja.
8.      Gya den putus mantri Dhalam Negri,
pidato radhiyo pinasrahan,
supaya glis den umumke,
yen pamerintah sampun,
binagi pat nayaka sami,
cuwa tan kaleksanan,
kang sinedya wurung,
kesusul tampi pawarta,
wadya bala Walandi sampun meh prapti,
gya bidhal gagancangan.
9.      Duk samana dinten Rebo kaping,
dwilikur maksih nunggal wulannya,
tabuh tiga antarane,
wit sanget gugupipun,
datan saget kencan badhami,
dhateng pundi purugnya,
nilar Tawangmangu,
wusanane nganti pethal,
dados kalih rombongan kang nuli sami,
umijil sosowangan.
Ringkasan      :
              Tentara Belanda ngingkari janjine karo bangsa Indonesia. Watara dina Minggu tanggal 19 Desember 1948, tentara Belanda nyerang kutha Ngayogyakarta, wektu kuwi Ngayogyakarta iku ibukota negara Indonesia. Pak Santo lan Pak Kasimo, lorone iku mentri, wektu kuwi ana ing Sala, krungu yen Yogyakarta diserang Belanda, loro mentri iku banjur mulih maring Yogyakarta. Ing satengahing dalan mobil sing ditumpaki loro mentri kuwi diserang Belanda. Mobile ancur, nanging Pak Santo lan Pak Kasimo beja bisa slamet saka kadadeyan iku. Ning kono Pak Santo lan Pak Kasimo ketemu karo Mentri Dokter Sukiman sing ewasemana yaiku mentri Dalam Negri. Banjur ketiga mentri kasebut lunga menyang Surakarta.
            Sesuke, dina Senin 20 Desember 1948 para mentri, walikota, residen, lan pak Gatot Subroto kumpul ana ing balaikota kanggo rapat. Dheweke nggawe putusan, supaya pamarentah pusat dilajengake. Dasare yaiku putusan kabinet 16 Desember 1948, awit Presiden badhe tindhak datheng India lan Wakil Presiden gerah dadine butuh istirahat. Ewasemana sing disrahi pimpinan yaiku ketiga mentri iku mau. Para mentri janji badhe kempal kanggo rapat malih. Nanging jam lima sonten, ana berita musuh nyerang ing Kartasura, sangang kilo saka Surakarta. Banjur para mentri lunga, tanpa bisa nganaake rapat maneh amarga saking kesusune. Duk samana Pak Supena nyusul, dadine angempal mentri papat ing kono. Para mentri lunga menyang Tawangmangu. Omah sing dinggo nginep para mentri arane Villa Brandaris, peralatan ing omah kuwi lengkap, dadine mentri dalam Negeri dsrahi pidato radio kanggo ngumumke yen pamarentah dibagi dadi papat mentri, nanging durung kaleksana amarga ana kabar yen Belanda arep nyerang Tawangmangu. Wektu kuwi dina Rabu, 22 Desember 1948 wanci tiga sonten para mentri lunga saka Tawangmangu Mentri papat mau akhire kapecah dadi rong rombongan sing akhire lunga nyelametake awake dhewe – dhewe.