Sabtu, 21 Juni 2014

Dewa Ruci


Bima merguru marang Pandhita Durna. Dheweka diutus golek banyu kang bisa nyuceni awake. Bima lunga ing Ngamarta, menehi ngerti lan pamitan kaliyan sedulure. Yudhistura dikongkon ngalangi Bima. Anamung Bima ora kena dicegah, lan Bima pamitan lan njaluk petunjuk Pamdhita Durna. Pandhita Durna menehi petunjuk yen banyu kuwi ana ing alas Gandamana. Bima mangkat, mlebu ana alas. Sawise mglewati alas, lan sakabehing alangan, Bima tekan Gunung Candramuka. Bima ketemu karo raksasa loro, Rukmaka lan Rukmakala. Bima perang karo raksasa mau, raksasa kalah lan njelma dadi Dewa Indra lan Dewa Bayu, Dewa mau ngomong yen Bima diutus bali ing Ngamarta amarga ora ono banyu suci sing dimaksud Bima.
Bima bali ing Ngamarta, para Kurawa lan Pandhita Durna kaget. Bima cerita kabeh sing wis dialami. Pandhita Durna ngutus yen banyu kuwi sejatine ana ing ngisor laut. Bima percaya lan langsung mangkat. Sadurunge mangkat, Bima pamitan karo sedulure yaiku Pandhawa. Para pandhawa padha duka, kuater yen Bima kena apa-apa.
Bima tekan laut, lan langsung njegur ana ing kana. Tekan ing tengah laut Bima ketemu Naga. naga ngubet Bima, nanging langsung kena kuku pancanakane Bima naga mati. Bima langsung semaput. Pas tangi Bima ketemu Dewa Ruci. Dewa Ruci menehi nasihat yen sejatine banyu suci iku ana ing awake dhewe. Bima dikongkon mlebu awake lewat kuping kiwane Dewa Ruci.Ana ing jero, Bima weruh kabeh. Bima pengen tetep ana ing jero, nanging dipenging Dewa Ruci. Banjur Bima metu lan bali ing Ngamarta. Yudhistira lan sedulur liyane padha seneng.