Jumat, 13 Juni 2014

FALSAFAH URIPE WONG JAWA


Wong jawa asring nggunaake unen – unen kanggo nata uripe. Nanging kathah wong jawa ing era modern iki ingkang ora mangerteni  unen – unen iku. Mulane ana istilah, “wong jawa sing ora njawani”.
Ing era modern iki, filosofi utawa falsafah jawa dianggep kuno. Dene, filosofi iku wigati banget kawontenane. Ing ngisor iki salah satunggale tuladha falsafah ingkang dadi pedoman uripe wong jawa :
1.       Urip iku Urup.
Falsafah iki artine wong urip iku kudu bisa menehi manfaat kanggo wong liya ing sekitare.

2.       Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Angkara.
Falsafah iki artine, wong kang urip ing donya iku kudu bisa ngusahake keslametan, kesenengan lan kesejahtraan. Uga bisa mbrantas sifat ingkang ora becik tuladhane sifat angkara murka, srakah, lan tamak.

3.       Sura Dira Jaya Jayaningrat, Lebur Dening   Pangastuti.
Falsafah iki nduweni arti, sakabehing sifat – sifat ingkang ora becik mau, mung bisa dibrantas nganggo sikap bijak, lembut lan sabar.

4.      Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha.
Falsafah iki artine, nalika arep perang ora prelu nggawa massa, nalika menang ora prelu ngasorake, nalika sekti ora prelu duwe aji – aji, lan nalika sugih ora prelu gawa bandha.

5.       Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan.
Falsafah iki artine, aja gampang lara ati nalika ana musibah ingkang marani awakke dhewe lan aja duka nalika kelangan.

6.       Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, lan aja aleman.
 
7.       Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja ketungkul utawa duweni obsesi marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman.

8.       Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja sok kuminter mengko ndak malah keblinger, lan aja seneng nglakoni curang mengko ndak malah dadi cilaka.

9.       Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja suka milik barang kang melok, lan aja seneng mangro utawa “mendua” kareben ora kendo semangate.

10.    Aja Adigang, Adigung, Adiguna.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa kuwi aja sok kuasa, sok gedhe, lan sok sakti.

0 komentar:

Posting Komentar