Sabtu, 21 Juni 2014

Pandhawa

     Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa. Watake ambeg darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro yaiku arane Raden werkudara ya Bima Sena. Pawakane gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sing nomer telu yaiku jenenge Raden Janaka ya Raden Arjuna kang kondhang baguse, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriyane kembar kang dadi wuragile utawa pungkasan. Pandhawa Lima mujudake satriya kang nduweni watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudine. Wiwit cilik mula wus katon luhuring budi. Pandhawa Lima seneng melas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong kang nandhang sengsara.
     Gurune Pandhawa iku Pendhita Durna. Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa Lima wis bisa ngatonake kapinteran lan kaprigelane. Raden Janaka prigel menthang gendewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara, dhasar gagah prakosa lan kondhang kagungan gada Rujak Polo, prigel ngolahake gada lan tumbak. Ewa semono Pandhawa ora seneng pamer kadigdayan. Malah, watake andhap asor, lembah manah, lan ngajeni marang liyan.
     Akeh lelakon lan kasangsaran kang dilakoni Pandhawa. Kasangsran iku mau dituwuhake saka kurawa kang kepingin nyirnakake para Pandhawa. Nanging amarga para Pandhawa gedhe prihatine, kasangsaran iku kasil kabengkas.