Pengalamanku iki
kedadeyane nalika kau bar melekan saka umahe tanggaku sing lagi duwe gawe
mantu. Wektu iku kira-kira jam siji bengi. Aku mlebu omahe embahku sing wis
suwung utawa gak ana sing ngenggoni. Omah iku suwung amerga wis ditinggal sade
mbah lanang lan mbah wedok. Ya, mung aku siji putu sing gelem nuroni omah iku
ing wayah bengi. Jarene nek gak dienggoni bisa ditunggoni lelembut.
Aku iki jane ya ra percaya nek lelembut iku ana. Nanging
kepiye ae wong iki kedadeyan sing tak alami. Aku mlebu senthong, terus
ngglethakna awak amerga ngantuk tenan. Aku kaget, ujug-ujug ana rokok murup, ya
nyata ana mawane mlaku-mlaku pindhah-pindhah nek dhuwur seka saka guru siji
pindhah nek saka guru sijine, jur pindhah eneh nek saka guru katelu, trus
pindhah eneh nek saka guru sijine. Omahe embahku iku wangunane joglo utawa omah
pencu. Saka gurune papat gedhe-gedhe digawe saka kayu jati sing diukir dhuwur.
Pisanan aku gak wedi. Malah takdelok terus, aku mandeng
mentheleng anane rokok murup mlaku dhewe. Jroning batin aku takok karo awaku
dhewe. Sing udut sapa leh. Gak ana uwong
kok nek dhuwur rokok murup. Nanging suwe-suwe aku wedi. Ambune pega rokok
persis wong ngrokok umume. Kelap-kelip mawa rokok iku nek ndhuwur saka guru.
Aku trus mandeng mawa rokok. Mak, brabat! Aku mlayu metu njaba. Aku balik nek
nggon wong duwe gawe neh. Wong tuwa-tuwa sing dha njagong padha gumun. Sateruse
aku ra wani turu meneh ana umahe simbah.(Rampung)
0 komentar:
Posting Komentar