Tanggal 3 Juni 2014 kepungkur, Dusun
Sukorukun wonten adicara sedhekah bumi. Adicara punika rutin kalaksanan setahun sepisan saben dinten selasa pon. Adicara punika kagem paring raos syukur
dhumateng gusti ingkang sampun paring berkah arupi sandhang lan pangan. Dusun
Sukorukun kaperang dados kalih dukuh, inggih punika dukuh Sobo lan Tlana’an.
Wondene tanggapanipun ugi benten. Jajananipun arupi pasung, bogis, tape,
ingkang dipun damel saking glepung.
Dukuh Sobo nanggap tayub. Tayub
inggih punika satunggaling kesenian jawi. Pagelaranipun inggih punika penari
wadon (ledhek) puniki dipun uteri wonten wingking dening penari lanang
(penayub). Tuladhanipun menawi wonten 5 ledhek, dados wonten 10 penayub.
Ingkang ngadhepi ledhek 5 lan wingkinge ledhek 5 lan saben setengah pagelaran
para penayub muteri ledhek 18 derajat, lan ledhekipun ugi pindah adhepan 180
derajat.
Tuladhanipun
para penari lanang (penayub) lan penari wadon (ledhek).
Dene dukuh Tlana’an, tanggapanipun
ketoprak. Ketoprak inggih punika drama ingkang dipun peragaaken dening
manungsa. Cariyosipun kethoprak inggih punika cariyos rakyat utawi babad
ingkang dipun rinacik lan rinancang saengga saged dados pagelaran ingkang
ngremenaken. Tuladhanipun menawi mirsani pagelaran kethoprak, wonten seni
swanten, seni tari, seni gendhing. Pramila
kesenian kethoprak ugi saged dipun wastani kolaborasi seni ingkang dipun racik
dados setunggal dados pagelaran ingkang sae.
Wonten
satunggaling warsa inggih punika warsa 2005 dumugi 2011, dukuh Sobo usul
kaliyan pak lurah menawi tanggapanipun sami kaliyan dukuh Tlana’an. Pak Lurah
ugi manut kaliyan masyarakatipun.
Warsa 2005 dumugi 2011 dukuh sobo
tanggapanipun tayub. Ananging wonten bencana nun
inggih
panenipun serandi awon. Pramila warsa 2012 kala wingi tanggapanipun digantos
tayub meleh. Wonten mitos menawi danyang dukuh Sobo punika Kebo Giro ingkang
remen sanget kaliyan tayub.
Prabeya
kagem tanggapan kuwi dipun pundhut saking masyarakat utawi urunan. Jumbuh
kaliyan jembaripun saben. Adicara sedhekah bumi punika sampun wonten wiwit kala
rumiyin.
0 komentar:
Posting Komentar