Wiwit aku SD nganthi SMA, saben maju ana
ngarep kelas, atiku mesthi dheg-dhegan. Awake gemeter, rasane panas, adhem
dipandeng wong akeh. Aku kurang percaya marang awake dhewe. Nalika ana ngarep
kelas, aku krasa isin lan kuwatir. Sajane aku wis unjal ambegan kanggo ngilangi
mindere, nanging aku isih tetep gemeter. Apa sing dakalami iki bisa diobati?
Perkara
kang dakalami kuwi amarga aku kurang percaya dhiri wae. Mulane aku luwih seneng
lungguh ana mburi tinimbang ing ngarep. Kuwi mau jalaran aku wedi yen sawayah-wayah
aku dikon maju gurune. Wiwit saka kuwi, aku njalok pituduh marang wali kelasku.
Untunge wali kelasku gelem menehi pituduh.
Ngendikane
wali kelasku, supaya aku bisa percaya dhiri, aku kudu nancepake rasa kendel
marang atiku dhewe. Sakuwat-kuwate aku kudu nukulake rasa bisa. Wali kelasku
ngendika sapa wae angger gelem usaha mesthi bisa. Malah, wali kelasku ngaturi
cara kanggo latihan kendel. “Becike kowe kudu kerep latihan ngomong ana ing
sangarepe kancamu,” Mangkono ngendikane wali kelasku.
Latihan
mau bisa dibacutake ana ing tengahing kulawarga, kanca-kanca ing kampung, lan
sateruse ana ing masyarakat. Kathi mangkono, suwe-suwe aku bakal bisa ngadhepi
wong akeh tanpa wedi. Rasa wedi iku bakal ilang karepe dhewe. Wali kelasku uga
duweni saran kanggo aku. Ngombe banyu putih kuwi uga bisa gawe pikiran ayem.
Mula aku wedi lan kuwatir ngadhepi kanca-kanca, aku diwenehi saran ngombe banyu
putih dhisik. Mesthi wae kudu ndonga marang sing kuwasa. Sawise
wali kelasku menehi pitiduh kaya mau, aku miwiti praktek ana ing kulawarga.
Aku ngumpulke bapak, ibu, lan simbah ana ing
ngarep tipi. Aku ngomong karo bapak, ibu, lan simbah supaya ngrungokake olehku
pidato. Semana uga cara mau dakpraktekake karo kanca-kancaku ana ing omah.
Kanca-kanca dakkon kumpul banjur ngrungokake pidatoku. Ora lali sadurunge
ngomong, aku ngombe banyu putih lan dongo marang Gusti. Persis kaya sing
diucapake wali kelasku.
Seminggu
wis daklakoni, Bu Eni guru Bahasa Indonesia, menehi tugas gawe pidato kanthi
tema dina ibu. Dina kemis aku mangkat sekolah kaya biyasane. Nanging atiku wedi
yen mengko aku dikon maju pidato. Tugas pidatoku wis tak gawe apik. Nanging aku
eling omongane wali kelasku, yen aku kudu bisa nukulake rasa wani. Esuk iku aku
njajal lungguh pol ngarep. Kancaku sing jenenge Winda tak kon lungguh ana
mburi. Jam pitu, Bu Eni mlebu kelas lan nakokake tugas sing diwenehi seminggu
biyen. Aku wedi banget, menawa aku nakal dikon maju.
Lha
ndilalah aku dikon maju tenan. Adhuhhh atiku rasane wis ra karuhan, addem,
panas. Aku unjal ambegan nganti ping telu, lan ngadek, banjur maju.Tekan ngarep
sikilku ndredheg, kringetku gumbrobyos kaya wong adus. Nanging aku kudu wani.
Aku unjal ambegan maneh ping telu lan dongo marang Gusti. Aku miwiti maca
pidatoku. Ning atiku mung tansah dongo marang Gustiyen aku mesthi bisa.
Sarampunge maca pidato, kanca-kancaku padha keplok-keplok. Aku seneng banget
amarga aku wis bisa ngilangi rasa wediku. Wiwit
kuwi, aku dadi ra wedinan maneh. Ngathi saiki aku tansah eling karo ajarane
wali kelasku. (Rampung).