Sabtu, 21 Juni 2014

Jagal Birawa

Pandhawa kalah main dhadhu mungsuh kurawa. Negara Ngamarta wis dikuwasani Kurawa. Para Pandhawa wis ora duwe apa-apa, kajaba panganggo kang tumemplek. Ing pungkasane main dhadhu iku katetepake ukuman, yaiku Pandhawa diguwang saka Negara Ngamarta, lawase 13 taun, rolas taun lawase Pandhawa kudu manggon ing tengahing alas gung liwang-liwung, setaun lawase kudu manggon ing sawijining kutha krajan lan ora kena konangan dening para Kurawa. Manawa konangan para Kurawa nalika manggon ing sawijining kutha, ukuman ditambahi 13 taun maneh.
Nalika ukuman kurang setaun, para Pandhawa padha rembugan negara ngendi kang bakal dienggoni, kang ora konangan Kurawa. Pepuntone para Pandhawa bakal manggon ing Praja Wiratha.
Dewi Drupadi nyuwita Ratu Wiratha dadi tukang gawe lenga wangi lan boreh. Dewi Drupadi ngalih jeneng salindri. Prabu Puntadewa nyuwita ratu Wiratha, dadi pandhita kraton. Prabu Puntadewa asmane ngalih Dwijakangka. Werkudara ngenger jagal sapi, kanthi jeneng Bilawa. Dene Arjuna nyuwita ratu Wiratha, dadi guru joged. Jenenge ngalih Wrehatnala. Dene Nakula lan Sadewa dadi ngopeni jaran lan tukang angon sapi. Jenenge ngalih aran Tanti lan Pala.
Ana ing Praja Wiratha olehe nyuwita padha katrima, jalaran para Pandhawa sregep lan mituhu marang bendarane. Dwijakangka bisa gawe pepadhang ruwet rentenge negara Wiratha. Wrehatnala bisa ngrembakake kagunan joged lan gendhing.
Tukang jagal kang dingengeri Bilawa mundhak sugih. Mula tukang jagal iku tresna banget marang Bilawa. Bilawa diaku kaya anake dhewe. Misuwure jagal mau saka patrape Bilawa kang jujur, tumemen lan ora tau mblenjani sesanggeman.
Nuju sawijining dina para Kurawa anjarah rayah rakyat Praja Wiratha. Para kawula padha ngungsi. Sang Prabu dhawuh marang senapati lan putra-putrane supaya mbrastha prajurit Ngastina kang njarah rayah.
Resi Durna maju perang dadi Senapati. Resi Durna ditantang Wrehatnala. Pandhita Durna ngerti yen sing diadhepi iku sejatine Janaka. Atine gumyur dene ngadhepi tilas muride kang ditresnani. Luhe dleweran ora kena ditahan jalaran kelingan lelakon kang dialami tilas muride iku. Mula banjur paring komandho supaya bala Ngastina mundur. Yen diterusake wadyabala bakal nemahi tiwas.
Nalika Wrehatnala ngadepi Resi Durna ukumane Pandhawa wis lunas. Tekan negara Wiratha, Pandhawa padha prasaja marang Wiratha, manawa sejatine Dwijakangka, Bilawa, Wrehatnala, Tanti, lan Pala iku para Pandhawa.