Adegan
1
Paraga : 1. Aria
Kebonan
2. Uwak
Batara Lengser
ARIA
KEBONAN SOWAN ING KRAJAN GALUH PAKUWAN. KETEMU KARO UWAK BATARA LENGSER. BANJUR
OMONG-OMONG KARO NGADEK.
Uwak
:
Kula aturi nengga sekedhap. Kula badhe matur rumiyin kaliyan Gusti Prabu
bilih panjenengan badhe sowan.
Aria
:
Inggih, maturnuwun. (Aria banjur
lungguh karo nyawang sakiwa tengene krajan)
:
Seneng banget yen bisa dadi raja. Apa sing dadi kekarepane bakal
keturutan. (Aria mbatin ana jero ati)
Uwak : Mangga kula aturi mlebet. Sang Prabu sampun
saget dipun sowani.
Aria
: Inggih Uwak. Maturnuwun sanget.
Adegan 2
Paraga
: 1. Aria Kebonan
2. Prabu Permana Kusumah
ARIA WIS MLEBU KRAJAN. PRABU LUNGGUH
ANA KURSI RAJA, DENE ARIA LUNGGUH ANA NGISOR.
Prabu : Sugeng rawuh Aria Kebonan. Piye kabarmu? Apa
ana warta sing bakal kaaturake ing pisowanan iki ?
Aria
:
Kula seger kuwarasan Gusti. Leres sanget Gusti, anggen kula sowan wonten
pisowanan mriki inggih punika ngandharaken bilih kawontenan tetanen saha
kawontenan ingon-ingon kayata lembu, ayam, bebek, menda, lan kebo pinaringan
kabingahan. Kepara tandha kabingahan, kacaosaken lembu saha menda sarta
woh-wohan ingkang rinaos ngremenaken lan maremaken. (Nyembah banjur lungguh)
Prabu : Syukur, syukur, Aria kebonan. Kandhakna atur
panuwunku marang rakyatmu.
Aria
:
Inggih Prabu, tembu kula aturaken. Sedaya rakyat temtu remen sanget.
Cekap semanten atur kula Prabu. Kula pamit rumiyin.
Prabu
:
Mengko dhisik Aria Kebonan. Apa awakmu bener pengen dadi raja ? (Dumadakan Sang Prabu ngendhika)
Aria :
(Sawetara meneng banjur ngomong) Oh Gusti, kula boten gadhah manah supados
saged dados raja. Kula boten kumawantun manggul jejibahan ingkang awrat punika. (Ature
karo nyembah)
Prabu
:
Awakmu aja wedi Aria. Aku krungu saka tembang sing samar-samar mbok
ucapke. Iya ora ? (Prabu karo mesem)
Aria : Dhuh Gusti. Kula nyuwun agunging samudra
pangaksami bilih kumawantun ing manah gadhah gagasan. Kula namung gumun saking
endah bingahipun menawi ngasta dados raja.
Prabu
:
Aria Kebonan, yen pancen iku sing dadi kekarepanmu lan kepinginanmu, aku
bakal ngangkat awakmu dadi raja Krajan Galuh Pakuwan sajrone aku mbangun tapa
brata. Nanging ana sarana sing kudu kok ugemi lan ora kena kok lalikake.
Kapisan awakmu kudu mrentah kanthi adil lan wicaksana kaya sing wis
daktindakake. Kapindho awakmu ora kena tumindak marang garwaku sakloron kaya
bojomu dhewe. Kepriye, awakmu bisa nampa ?
Aria
:
Sendhika dhawuh Gusti Prabu. (Aria
gugup olehe jawab)
Prabu : Apik yen mengkono. Aku bakal ngowahi
praupanmu kang luwih gagah lan bagus lan luwih anom tinimbang saiki. Jenengmu
saiki dadi Prabu Barma Wijaya Kusumah.
Aku kepengin tapa ana ing panggonan sing ora dimangerti dening wong
liya. Wis saiki awakmu dadi raja. (Ngendhikane
Prabu sadurunge dheweke budhal)
Adegan
3
Paraga
: 1. Aria Kebonan / Prabu
Barma Wijaya Kusumah.
2. Rakyat.
3. Uwak Batara Lengser.
ARIA KEBONAN / PRABU BARMA WIJAYA
KUSUMAH MLAKU, BANJUR MATUR ANA NGAREP KRATON. ING KANA WIS ANA RAKYAT AKEH.
ING SISIHE PRABU BARMA ANA UWAK BATARA LENGSER.
Prabu
Barma : Aku iki Prabu Permana Kusumah sing kepengin
bali marang lelakon sepuluh taun lawase. Saiku jenengku dadi Prabu Barma Wijaya
Kusumah.
Rakyat
: Hore.. hore.. hore... (Karo keplok-keplok lan surak-surak)
Uwak : Apa Aria Kebonan isa nyekel janjine ? Dene
wewatekane kaya mangkana. Karo garwane Prabu Permana, dheweke wis wani kaya
bojone dhewe. Mung garwa sing nomor loro sing nginggati rumangsa yen Aria
Kebonan kuwi wong liya. (Mbatin ana jero
ati)
Adegan 4
Paraga
: 1. Prabu Barma Wijaya
Kusumah.
2. Garwane sakloron.
3. Uwak Batara Lengser.
ESOK-ESOK PRABU BARMA LAGI ING
PENDHAPA BANJUR DITEMONI GARWANE. PRABU BARMA LUNGGUH ANA TENGAH. DENE GARWANE
LUNGGUH ANA ING SAKIWA TENGENE.
Garwa
: Dhuh Kanjeng Prabu, kula nyuwun agunging
samudra pangaksami. Kula badhe matur satunggaling kedadean ingkang endah
sanget. (Tangan karo nyembah)
Prabu Barma : Iya, ana apa Nimas ? (Karo nuntun tangane garwane supaya lungguh ana jejere)
Garwa :
Ahh.. Kedadean endah sanget Kangmas.
Prabu
Barma :
Iya kedadean apa ? Coba matura.
Garwa
: Kala wau ndalu nalikane badhe tilem.
Prabu
Barma :
Iya apa Nimas.
Garwa
: Kula kekalih ngimpi kedhawahan rembulan
ingkang lajeng kula ayun-ayunaken Kangmas.
Prabu
Barma : Apa, apa ketiban rembulan ? (Prabu kaget banjur jengkar saka lungguhe
lan nemoni Uwak)
: Iki ana lelakon langka Uwak.
Uwak
: Ngaten kemawon. Kados pundi menawi nimbaling
satunggaling tiyang ingkang sampun kondhang babagan impen punika.
Prabu
Barma :
Iku becik. Dicoba wae Uwak.
Uwak
: Sendhika dhawuh Prabu. Kula nyuwun pamit. (Mundur banjur lunga)
Adegan 5
Paraga
: 1. Sukaresi / Prabu Permana
Kusumah.
2. Prabu Barma Wijaya Kusumah.
SUKARESI / PRABU PERMANA KUSUMAH
TEKA ANA ING KRAJAN KETEMU KARO PRABU BARMA WIJAYA KUSUMAH. KEKARONE PADHA
JAGONGAN. PRABU BARMA LUNGGUH ANA ING KURSI RAJA, DENE SUKARESI LUNGGUH ANA
NGAREPE.
Prabu
Barma :
Sang Pendhita, niatku nimbali awakmu rene ora liya yaiku arep takon
tegese ngimpine garwaku. Garwaku loro ngimpi yen ketiban rembulan banjur arep
dipangku. (Ngomong kanthi wibawa)
Sukaresi : Dhuh Gusti. (Tangan karo nyembah) Panjenengan kedah bingah sanget awit garwa
panjenengan kekalih saweg ngandhut. (Ngomong
kanthi tetep mandheng ngisor)
Prabu
Barma :
Haaa... Apa...? (Kaget karo gugup)
Bayi iku lanang apa wedok ?
Sukaresi
:
Kekalihipun jaler Gusti.
Prabu
Barma :
Apaaa ? (Jengkar saka lungguhe,
nyandhak keris banjung dicublesake ana dadane Sukaresi. Nanging Keris malah
mlengkung)
Sukaresi
:
Punapa Gusti ngersakaken yen kula dumugi pejah ?
Prabu
Barma :
Iya, sapa sing gelem mateni awakmu bola bali. (Lungguh maneh ana kursine)
Sukaresi
:
Menawi makaten langkung prayogi, kula badhe pejah. Mangga.. (Karo nguwehke dhadhane supaya dicubles)
Adegan 6
Paraga
: 1. Prabu Barma Wijaya
Kusumah.
2. Dewi Pangrenyep.
3. Dewi Naganingrum.
4. Swara aneh.
GARWANE, DEWI PANGRENYEP WIS
MBABARKE ING JERO KAMAR. ING KANA UGA ANA DEWI NAGANINGRUM SING LAGI LUNGGUH
ANA KURSI. PRABU BARMA MLEBU BANJUR OMONGAN. SAWISE PRABU BARMA OMONGAN, KRUNGU
SWARA SING BANGET GEDHENE.
Prabu
Barma :
Dhuh Nimas Dewi Pangrenyep, putramu kakung dak wenehi tetenger Hariang
Banga. (Karo lungguh ing sisihe Dewi
Pangrenyep)
Dhuh Nimas Dewi Naganingrum, awakmu uga
diparingi putra. Nanging geneya nganthi wis ngancik sepuluh wulan durung ketok
glagate, durung ana tandha yen bakal mbabarke ? (Karo nyedhaki Dewi Naganingrum)
Swara
aneh :
Hai, Barma Wijaya Kusumah, kowe wis kakean nerak prasyarat janji lan wis
wani tumindak ala. Panguwasamu ora bakal lumaku suwe. Dienteni wae. (Dadakan krungu swara kaya mangkana banjur
ilang)
Prabu
Barma :
Aku ora percaya karo apa sing wis mbok ucapke. Metua yen wani. (Wajahe gugup karo nyawang langit goleki
tekane swara mau)
Adegan 7
Paraga
: 1. Prabu Barma Wijaya
Kusumah.
2. Dewi Pangrenyep.
PRABU BARMA NEMONI DEWI PANGRENYEP.
DEWI PANGRENYEP ANA JERO KAMAR KARO BAYINE.
Prabu Barma : Dhuh Nimas Dewi Pangrenyep. Aku entuk wisik
saka bayi kang kinandhut dening Dewi Naganingrum bakal lair bayi, bayi sing
kurang becik. Yen wis gedhe bakal dadi wong cilaka. Banjur aku duwe gagasan
priye besuke putraku loro-lorone bakal adil. (Lungguh ing sisihe Dewi Pangrenyep)
Dewi
Pangrenyep : Menawi makaten kados
pundi prayoginipun Sang Prabu? (Karo
mandheng kanthi mripat bingung)
Prabu
Barma : Yen mengkono aku
duwe gagasan kepriye carane nyingkirake putrane Dewi Naganingrum sing bakal
lair iku, lan supaya Dewi Naganingrum ora mangerti.
Dewi
Pangrenyep : Wah... Kula piyambak
malah dados bingung Sang Prabu. (Alise
dikerutke)
Prabu
Barma : Piye umpamane bayi
kang dilairke Dewi Naganingrum diganti wae? (Matur
kanthi swara lirih)
Dewi
Pangrenyep : Dipun gantos kados
pundi Prabu?
Prabu
Barma : Mangkene. Sawise
bayi kuwi lair, banjur dijupuk diganti anak asu. (Mature kanthi nyedhak ing kupinge Dewi Pangrenyep)
Dewi
Pangrenyep : Lha mangke kepireng
dening Dewi Naganingrum.
Prabu
Barma : Ngomong wae yen kuwi
wangsit supaya amrih slamete Dewi Naganingrum. Mula kuwi Dewi Naganingrum ora
kepareng mirsani lan mirengke.
Dewi
Pangrenyep : Lajeng? (Kanthi swara lirih)
Prabu
Barma : Mripate Dewi
Naganingrum ditutup kanthi liline tawon dan talingane disumpeli kapas. Kepriye,
apik ta?
Dewi
Pangrenyep : Inggih Prabu. (Karo mesem)
Adegan 8
Paraga
: 1. Dewi
Pangrenyep
2. Dewi Naganingrum
3. Prabu Barma Wijaya Kusumah
TUMEKANING DEWI NAGANINGRUM
MBABARKE.DEWI NAGANINGRUM ANA KAMAR LAGI MBABARKE. DEWI PANGRENYEP NUNGGONI
KANTHI NUTUP MRIPATE LAN NYUMPELI TALINGANE KAYA APA SING WIS DIRENCANAKAKE
KARO SANG PRABU.SANG PRABU NUNGGONI ANA PINGGIRE DWI NAGANINGRUM.SAWISE
BABARAN, BAYI LANANG MAU DILEBOKE ING KANDHAGA LAN DIKENTHIRAKE ANA ING KALI
CITANDUY DENING DEWI PANGRENYEP.
Dewi Naganingrum
: Ngapa ta kok ndadak mripatku lan
kupingku ditutupi? (Turonan ana amben kanthi mripat bingung
Dewi Naganingrum
: Ora usah gumun. Wong nalika aku
babaran iya mengkono kuwi. (Sinambi nutup
mripat lan kupinge Dewi Naganingrum)
Dewi
Naganingrum : Pundi putraku Sang Prabu?
(Takon karo Sang Prabu kanthi swara
lemes)
Prabu
Barma : Sing sareh ya Nimas,
iki bayimu. (Karo gendhong bayi asu mau)
Dewi
Naganingrum : Apa..kok bisa Prabu iki
bayiku? (Karo nangis lan mandhengi bayi
mau)
Prabu
Barma : Iya Nimas.
Adegan 9
Paraga : 1. Prabu Barma Wijaya
Kusumah
2. Rakyat 1
3. Rakyat 2
4. Rakyat 4
5. Uwak Batara Lengser
DEWI NAGANINGRUM NGERTI YEN SI
JABANG BAYI WUJUD KIRIK. DEWI NAGANINGRUM NANGIS ANA KAMAR. SANG PRABU MLAKU
ING MBURINE ANA UWAK BATARA LENGSER. SANG PRABU MATUR ANA ING ALUN-ALUN KRAJAN.
ING KANA WIS ANA RAKYAT.
Prabu
Barma : Iki kedadeyan kang ora becik.
Murang tata. Dewi Naganingrum nglairake bayi kang awujud kirik, iku mratandhani
yen ana gandhenge karo siluman sing ala. Mula iku Dewi Naganingrum kudu oncat,
lunga saka kraton. (Matur kanthi swara
sing seru banget)
Rakyat
1 : Ahh.. mosok ta? Dewi
Naganingrum sing becik budi pekertine lan apik atine. Kok bisa nglairake jabang
bayi nanging kirik? (Ngomong karo rakyat
sisihe)
Rakyat
2 : Ahh.. iku mokal. (Ngomong karo rakyat 1)
Rakyat
3 : Mengko gek-gek mung rekadaya
wae. Ana sing ora seneng karo Dewi Naganingrum. (Ngomong karo rakyat 1 lan rakyat 2)
Prabu
Barma : Awit wis kabukten yen Dewi
Naganingrum nglairake kirik iku ateges gawe kuceming karaton lan rakyat Galuh
Pakuwan, mula kang nduweni panguwasa paring paukuman yaiku ukuman pati.
Rakyat
: Hi..hi..hi.. (Nangis kanthi luhe tumetes)
Prabu
Barma : Uwak, gawanen Dewi Naganingrum
banjur pejahinen. (Kanthi madhep ing
Uwak)
Uwak
: Inggih, Gusti. (Kanthi ngusapi luhe, banjur sembah lan
lunga)
Adegan 10
Paraga
: 1. Uwak Batara Lengser.
2. Dewi Naganingrum.
UWAK BATARA LUNGA SAKA KARJAN KARO DEWI NAGANINGRUM. DEWI
NAGANINGRUM NANGIS LAN MLAKU ANA SISIHE UWAK BATARA LENGSER. ING TENGAH DALAN
KEKARONE PADHA MANDHEG LAN OMONGAN.
Uwak
: Dhuh, Gusti
Putri. Kula mboten saged nindakane dhawuh dening Sang Prabu amrih mejahi Gusti
Putri. Kula gadhah gagasan, langkung prayogi Gusti manggen ing gubug punika.
Mugi Gusti Putri kerdsa.(Sinambi tangane
nudhing ing gubug)
Dewi
naganingrum : Yen mangkono kersamu.
Iya aku manarima banget Uwat awit pratandhaning katresnanmu marang aku. Aku
matur nuwun banget.(Sinanbi mandheng ing
gubug)
Uwak
: Mugi Gusti
Putri nampi sedaya kanthi jembaring manah.
Dewi
Naganingrum : Mung pandongaku Uwak,
muga kahanan bisa malik.
Uwak :
Inggih, mugi-mugi Gusti. (Uwak lunga
kanthi gawa agemane Sang Putri minangka pratandha pajahipun Putri. Kanthi
ngoset-oseti karo getih kewan ing agemane)
Adegan 11
Paraga
: 1. Aki
Balangantrang
2. Nini Balangantrang
AKI
LAN NINI METU SAKA OMAH, MLAKU AREP ING KALI. AKI LAN NINI MLAKU BARENG. TEKAN
KALI, AKI LANGSUNG NJEGUR KALI. NINI ISIH ANA NDUWUR.
Aki :
Nini, Nini, reneya delengen iki.(Sinambi
jupuk kendaga)
Nini :
Apa ta, Aki? (Sinambi nyedhak)
Aki :
Rena, reneya cepet. (Sinambi geret
tangane Nini)
Nini :
Haa, wah, bayi iki, Aki. (Ndheloki
kendaga)
Aki :
Iya, iki bayi Nini. Bagus tenan. (Ndeloki
kendaga karo digendhong)
Nini :
Heem, heem, kira-kira bayine sapa iki, Aki?
Aki :
Wis-wis digawa mulih wae Nini mesake. (Sinanbi
nguwehke bayi ing Nini)
Nini : Iya, iya, iya. Ayo, Aki. (Nini mlaku karo mbopong bayi mau)
Adegan 12
Paraga :
1. Aki Balangantrang
2. Nini Balangantrang
AKI
LAN NINI WIS TEKAN OMAH. BAYI DITUROKE ANA AMBEN, DENE AKI LAN NINI JAGONGAN
ANA KURSI.
Aki :
Nini, aku mau bengi ngimpi yen ketiban rembulan.
Nini :
Lho, iya ta. Kok padha Aki? (Sinambi
kaget)
Aki :
Bayi iki pancen kaya rembulan, Nini. (Sinambi
nyawang bayi mau)
Nini :
Iya, Aki. Raine cumlorong kaya rembulane bidadari. (Uga nyawang bayi mau)
Adegan 13
Paraga :
1. Aki Balangantrang
2. Ciung Wanara
BAYI
MAU WIS GEDHE. AKI LAN CIUNG LUNGA ANA ALAS. AKI GANDHENG TANGANE CIUNG.
Ciung :
Aki, iku manuk apa? (Sinambi tangane
nudhing ing manuk)
Aki :
Oh, kuwi jenenge manuk Ciung, Anakku. (Sinambi
ngelus sirahe anakke)
Ciung :
Lha kae, kae apa, nanging cilik, Aki? (Sinambi
nudhing ing kewan mau)
Aki : Oh kae ta. Kae jenenge kethek utawa wanara. (Sinambi nyawang kethek mau)
Ciung : Ha ha ha... Yen ngono aku pengen
kaya kuwi wae. (Ngomong karo guyu)
Aki : Kaya kuwi piye,
Anakku?
Ciung : Ya, aku undang wae Ciung Wanara,
piye, Aki?
Aki : Iya iya iya, Aki melu seneng,
yen awakmu seneng. Ayo mulih Nak, biyungmu wis ngenteni. (Aki karo guyu lan gandheng tangane Ciung)
Ciung : Iya, Aki. (Karo mlaku)
Adegan 14
Paraga : 1. Aki Balangantrang
2. Nini Balangantrang
3. Ciung Wanara
WONG
TELU PADHA LUNGGUH ANA TRITISAN. CIUNG WANARA ANA TENGAH-TENGAH ANTARANE AKI
LAN NINI BALANGANTRANG.
Ciung : Aki, Nini, kula kok
benten kalih lare-lare mriki. Malah kula sok boten sekeca. Dhateng kula menika
ketawis sanget.
Aki lan
Nini : (pandeng-pandengan banjur Aki guneman)
Aki : Anakku Ciung Wanara. Aki arep
ndingeng sithik. Coba mengo kepriye pungkasane. (Sinambi ngelus sirahe Ciung Wanara)
Ciung : Inggih, Aki. (Sinambi manthuk)
Aki : Dina iki aku kaya biasane
golek iwak nganggo masang jaring / wuwu. Ora kanyana ing njerone ora isi iwak,
nanging isi kendaga. Kendaga mau malah isine bayi. Kendaga mau banget endahe.
Kena dipesthekake yen wong tuwane bayi iku priyayi Kraton Galuh Pakuwan. Kanthi
iku, aku lan Nini ngrumat bayi mau nganthi gedhe. Lha, bayi mau iku, orsa liya
iya awakmu, Anakku, Ciung Wanara.
Ciung : Aki, Nini, panjenengan sekaliyan
sampun dados bapa lan biyung kula. Nanging tentu kemawon kula kepengin
mangertos lan nyumerepi tiyang sepuh kula. Kula kepingin pinanggih kaliyan
ingkang mbabarke kula saengga kula saged nyumerepi bumi. (Sinambi nyawang Aki)
Aki : Karepmu becik,Anakku. Nanging
awakmu kudu duwe kanca anggone goleki wong tuwamu.
Ciung : Lajeng sinten ingkang dados kanca
kula, Aki? Kamangka Krajan Galuh Pakuwon kula dereng mangertos.
Aki : (Jupuk endhog, banjur gunem). Iki ana endhog gawanen. Aki nemu ana
jerone kendaga biyen. Mengko yen wis tekan alas, goleka pitik kang lagi
angkrem. Delehen ing kono. Ha, mengko kuwi ywn wis netes muga-muga piyik sing
jago. (Sinambi ngaturke endhog mau)
PIWELINGE AKI ORA TINEMU ING DALAN. MALAH KETEMU
KARO NAGA NANGING KATON NYEDULUR. ENDHONG DIPLUNGKERKE ANA KONO. KANYATA NETES
DADI PIYIK. PIYIK MAU DIGAWA ING KENDAGA. WUSANA NEMPUH DALAN ING KRAJAN GALUH
PAKUWAN, PIYIK MAU MALIH DADI JAGO GEDHE. SINAMBI NGGOLEKI, SADALAN-DALAN KARO
ADU JAGO. CIUNG NGADU JAGO. JAGONE PARA PUNGGAWA NEGARA PADHA DIKALAHAKE. KABAR
MAU TUMEKA SANG PRABU. SANG PRABU KANG UGA REMEN NGADU JAGO KEPENGIN NGAWERUHI.
Adegan 15
Paraga : 1. Prabu Barma Wijaya Kusumah
2. Uwak Batara Lengser
SANG
PRABU NGUTUS UWAK BATARA LENGSER NGGOLEKI KABAR MAU. PRABU LUNGGUH ANA KURSI
RAJA, DENE UWAK ANA NGISOR.UWAK BATARA LENGSER SEMBAH LANGSUNG PAMIT.
Prabu
Barma : Uwak, wis krungu warta yen ana
bocah anom sing duwe jago lan yen ngadu mesthi menangan?
Uwak : Leres, Gusti. (Sinambi nyembah)
Prabu
Barma : Aku kepengin ngerti kaya ngapa
jagone.
Uwak : Lajeng kados pundi, Gusti?
Prabu
Barma : Kowe nglacaka saiki bocah kuwi
ana ngendi?
Uwak : Inggih, Gusti. (Sembah, banjur lunga)
Adegan 16
Paraga : 1. Uwak Batara Lengser
2. Ciung Wanara
3. Prabu Permana Kusumah
4. Prabu Barma Wijaya Kusumah
UWAK
BATARA LENGSER KETEMU CIUNG WANARA. ESUKE CIUNG LUNGA ANA KRAJAN. CIUNG GAWA
JAGO.
Uwak : Menawi makaten,
Nakmas Ciung kula aturi tindak kraton. Mangke menawi badhe ngadu jago kersa
nyuwun sepalih negari.
Prabu
Barma : Apa totohane bocah anom?
Ciung :
Menawi jago kula menang, kula nyuwun sepalih saka negari. Menawi jago kula
kalah, kula sumadya dipun tigas jangga kula.
Prabu
Barma : Aku ora kabotan.
DINA IKU ANA TETANDHINGAN KANTHI GEDHEN. AMARGA
JAGO KRATON SING DIADU, SI JELUG. PUNGKASANE, CIUNG WANARA SING MENANG.
Ciung :
Rakyat Galuh Pakuwan, mangertana. Sing Sejatine kang dadi raja saiki, ota liya
wong sing niyat ala. Ora ana Prabu Barma Wijaya Kusumah. Iku sejatine Aria
Kebonan. Semana ugi Dewi Pangrenyep wis lali marang tindak kang becik. (Dumadakan swarane Ciung malih dadi swarane
Prabu Permana Kusumah)
DADAKAN RAKYAT PADHA PERANG. ING PEPERANGAN IKU
PRABU PERMANA KUSUMAH LAN DEWI NAGANINGRUM TEKA. SANG PRABU BANJUR GUNEM.
Prabu
Permana : Anakku, Hariang
Banga. Mangertiya Ciung Wanara iku sejatine adhimu, putrane ibu Dewi
Naganingrum. Dene iku putrane ibumu Dewi Pangrenyep. Nanging salah tumindake
awit kurang jejeg atine, saengga kagodha marang pangiming-iminge Prabu Barma
Wijaya Kusumah kang ora liya yaiku Aria Kebonan. Saiki mangkene. Kowe sakloron
bakal nduweni panguwasa dhewe-dhewe. Nanging kudu bisa ngadhem atimu. Kali
Ciliwung minangka wates kekuasaan. Ciung Wanara nguwasani perangan kulon kali.
Dene Hariang Banga nguwasani perangan etan kali. Lan wiwit saiki kali dijenengi
Cipamali utawa Kali Pemali. Minangka pangeling-eling yen kene perang sadulur,
kang ora becik utawa pemali. (Sinambi
ngrangkul anakke loro)
WIWIT KUWI KRAJAN GALUH PAKUWAN DADI TENTREM KAYA
NALIKANE ZAMANE PRABU PERMANA KUSUMAH. RAKYAT NGRAOS BUNGAH.