Sabtu, 21 Juni 2014

Dewa Ruci


Bima merguru marang Pandhita Durna. Dheweka diutus golek banyu kang bisa nyuceni awake. Bima lunga ing Ngamarta, menehi ngerti lan pamitan kaliyan sedulure. Yudhistura dikongkon ngalangi Bima. Anamung Bima ora kena dicegah, lan Bima pamitan lan njaluk petunjuk Pamdhita Durna. Pandhita Durna menehi petunjuk yen banyu kuwi ana ing alas Gandamana. Bima mangkat, mlebu ana alas. Sawise mglewati alas, lan sakabehing alangan, Bima tekan Gunung Candramuka. Bima ketemu karo raksasa loro, Rukmaka lan Rukmakala. Bima perang karo raksasa mau, raksasa kalah lan njelma dadi Dewa Indra lan Dewa Bayu, Dewa mau ngomong yen Bima diutus bali ing Ngamarta amarga ora ono banyu suci sing dimaksud Bima.
Bima bali ing Ngamarta, para Kurawa lan Pandhita Durna kaget. Bima cerita kabeh sing wis dialami. Pandhita Durna ngutus yen banyu kuwi sejatine ana ing ngisor laut. Bima percaya lan langsung mangkat. Sadurunge mangkat, Bima pamitan karo sedulure yaiku Pandhawa. Para pandhawa padha duka, kuater yen Bima kena apa-apa.
Bima tekan laut, lan langsung njegur ana ing kana. Tekan ing tengah laut Bima ketemu Naga. naga ngubet Bima, nanging langsung kena kuku pancanakane Bima naga mati. Bima langsung semaput. Pas tangi Bima ketemu Dewa Ruci. Dewa Ruci menehi nasihat yen sejatine banyu suci iku ana ing awake dhewe. Bima dikongkon mlebu awake lewat kuping kiwane Dewa Ruci.Ana ing jero, Bima weruh kabeh. Bima pengen tetep ana ing jero, nanging dipenging Dewa Ruci. Banjur Bima metu lan bali ing Ngamarta. Yudhistira lan sedulur liyane padha seneng.


Jagal Birawa

Pandhawa kalah main dhadhu mungsuh kurawa. Negara Ngamarta wis dikuwasani Kurawa. Para Pandhawa wis ora duwe apa-apa, kajaba panganggo kang tumemplek. Ing pungkasane main dhadhu iku katetepake ukuman, yaiku Pandhawa diguwang saka Negara Ngamarta, lawase 13 taun, rolas taun lawase Pandhawa kudu manggon ing tengahing alas gung liwang-liwung, setaun lawase kudu manggon ing sawijining kutha krajan lan ora kena konangan dening para Kurawa. Manawa konangan para Kurawa nalika manggon ing sawijining kutha, ukuman ditambahi 13 taun maneh.
Nalika ukuman kurang setaun, para Pandhawa padha rembugan negara ngendi kang bakal dienggoni, kang ora konangan Kurawa. Pepuntone para Pandhawa bakal manggon ing Praja Wiratha.
Dewi Drupadi nyuwita Ratu Wiratha dadi tukang gawe lenga wangi lan boreh. Dewi Drupadi ngalih jeneng salindri. Prabu Puntadewa nyuwita ratu Wiratha, dadi pandhita kraton. Prabu Puntadewa asmane ngalih Dwijakangka. Werkudara ngenger jagal sapi, kanthi jeneng Bilawa. Dene Arjuna nyuwita ratu Wiratha, dadi guru joged. Jenenge ngalih Wrehatnala. Dene Nakula lan Sadewa dadi ngopeni jaran lan tukang angon sapi. Jenenge ngalih aran Tanti lan Pala.
Ana ing Praja Wiratha olehe nyuwita padha katrima, jalaran para Pandhawa sregep lan mituhu marang bendarane. Dwijakangka bisa gawe pepadhang ruwet rentenge negara Wiratha. Wrehatnala bisa ngrembakake kagunan joged lan gendhing.
Tukang jagal kang dingengeri Bilawa mundhak sugih. Mula tukang jagal iku tresna banget marang Bilawa. Bilawa diaku kaya anake dhewe. Misuwure jagal mau saka patrape Bilawa kang jujur, tumemen lan ora tau mblenjani sesanggeman.
Nuju sawijining dina para Kurawa anjarah rayah rakyat Praja Wiratha. Para kawula padha ngungsi. Sang Prabu dhawuh marang senapati lan putra-putrane supaya mbrastha prajurit Ngastina kang njarah rayah.
Resi Durna maju perang dadi Senapati. Resi Durna ditantang Wrehatnala. Pandhita Durna ngerti yen sing diadhepi iku sejatine Janaka. Atine gumyur dene ngadhepi tilas muride kang ditresnani. Luhe dleweran ora kena ditahan jalaran kelingan lelakon kang dialami tilas muride iku. Mula banjur paring komandho supaya bala Ngastina mundur. Yen diterusake wadyabala bakal nemahi tiwas.
Nalika Wrehatnala ngadepi Resi Durna ukumane Pandhawa wis lunas. Tekan negara Wiratha, Pandhawa padha prasaja marang Wiratha, manawa sejatine Dwijakangka, Bilawa, Wrehatnala, Tanti, lan Pala iku para Pandhawa.

Pandhawa

     Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus kaprah diarani Pandhawa Lima. Puntadewa ya Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa. Watake ambeg darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa kamurkan. Sing nomer loro yaiku arane Raden werkudara ya Bima Sena. Pawakane gedhe dhuwur lan gagah prakosa. Sing nomer telu yaiku jenenge Raden Janaka ya Raden Arjuna kang kondhang baguse, prigel lan trampil manah minangka panengahe Pandhawa. Dene Nakula lan Sadewa mujudake satriyane kembar kang dadi wuragile utawa pungkasan. Pandhawa Lima mujudake satriya kang nduweni watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudine. Wiwit cilik mula wus katon luhuring budi. Pandhawa Lima seneng melas marang wong cilik lan seneng tetulung marang wong kang nandhang sengsara.
     Gurune Pandhawa iku Pendhita Durna. Nalika dadi muride Pandhita Durna, Pandhawa Lima wis bisa ngatonake kapinteran lan kaprigelane. Raden Janaka prigel menthang gendewa lan trampil migunakake keris. Raden Werkudara, dhasar gagah prakosa lan kondhang kagungan gada Rujak Polo, prigel ngolahake gada lan tumbak. Ewa semono Pandhawa ora seneng pamer kadigdayan. Malah, watake andhap asor, lembah manah, lan ngajeni marang liyan.
     Akeh lelakon lan kasangsaran kang dilakoni Pandhawa. Kasangsran iku mau dituwuhake saka kurawa kang kepingin nyirnakake para Pandhawa. Nanging amarga para Pandhawa gedhe prihatine, kasangsaran iku kasil kabengkas.

Rabu, 18 Juni 2014

Jaman Modern



Jamane wis sarwa modern
Akeh manungsa padha kebliyer
Akeh manungsa padha keblinger
Akeh manungsa padha muter-muter

Jamane wis sarwa modern
Akeh manungsa padha mrana-mrene
Blackberry ing tengenne
Ipad ing kiwane

Jamane wis sarwa modern
Akeh manungsa kang padha sliwar sliwer
Klambine modis
Rambute klimis

Ooo ya ngono kuwi mau sing jenenge jaman modern
Nanging aja mung bisa nggampangke
Kareben ora padha kuciwa
Mulane kudu eling sing Kuwasa

Jumat, 13 Juni 2014

FALSAFAH URIPE WONG JAWA


Wong jawa asring nggunaake unen – unen kanggo nata uripe. Nanging kathah wong jawa ing era modern iki ingkang ora mangerteni  unen – unen iku. Mulane ana istilah, “wong jawa sing ora njawani”.
Ing era modern iki, filosofi utawa falsafah jawa dianggep kuno. Dene, filosofi iku wigati banget kawontenane. Ing ngisor iki salah satunggale tuladha falsafah ingkang dadi pedoman uripe wong jawa :
1.       Urip iku Urup.
Falsafah iki artine wong urip iku kudu bisa menehi manfaat kanggo wong liya ing sekitare.

2.       Memayu Hayuning Bawana, Ambrasta dur Angkara.
Falsafah iki artine, wong kang urip ing donya iku kudu bisa ngusahake keslametan, kesenengan lan kesejahtraan. Uga bisa mbrantas sifat ingkang ora becik tuladhane sifat angkara murka, srakah, lan tamak.

3.       Sura Dira Jaya Jayaningrat, Lebur Dening   Pangastuti.
Falsafah iki nduweni arti, sakabehing sifat – sifat ingkang ora becik mau, mung bisa dibrantas nganggo sikap bijak, lembut lan sabar.

4.      Ngluruk Tanpa Bala, Menang Tanpa Ngasorake, Sekti Tanpa Aji-Aji, Sugih Tanpa Bandha.
Falsafah iki artine, nalika arep perang ora prelu nggawa massa, nalika menang ora prelu ngasorake, nalika sekti ora prelu duwe aji – aji, lan nalika sugih ora prelu gawa bandha.

5.       Datan Serik Lamun Ketaman, Datan Susah Lamun Kelangan.
Falsafah iki artine, aja gampang lara ati nalika ana musibah ingkang marani awakke dhewe lan aja duka nalika kelangan.

6.       Aja Gumunan, Aja Getunan, Aja Kagetan, Aja Aleman.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, lan aja aleman.
 
7.       Aja Ketungkul Marang Kalungguhan, Kadonyan lan Kemareman.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja ketungkul utawa duweni obsesi marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman.

8.       Aja Kuminter Mundak Keblinger, Aja Cidra Mundak Cilaka.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja sok kuminter mengko ndak malah keblinger, lan aja seneng nglakoni curang mengko ndak malah dadi cilaka.

9.       Milik Barang Kang Melok, Aja Mangro Mundak Kendo.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa iku aja suka milik barang kang melok, lan aja seneng mangro utawa “mendua” kareben ora kendo semangate.

10.    Aja Adigang, Adigung, Adiguna.
Falsafah iki artine, dadi wong jawa kuwi aja sok kuasa, sok gedhe, lan sok sakti.

Kamis, 12 Juni 2014

Rokoke Lelembut



            Pengalamanku iki kedadeyane nalika kau bar melekan saka umahe tanggaku sing lagi duwe gawe mantu. Wektu iku kira-kira jam siji bengi. Aku mlebu omahe embahku sing wis suwung utawa gak ana sing ngenggoni. Omah iku suwung amerga wis ditinggal sade mbah lanang lan mbah wedok. Ya, mung aku siji putu sing gelem nuroni omah iku ing wayah bengi. Jarene nek gak dienggoni bisa ditunggoni lelembut.
            Aku iki jane ya ra percaya nek lelembut iku ana. Nanging kepiye ae wong iki kedadeyan sing tak alami. Aku mlebu senthong, terus ngglethakna awak amerga ngantuk tenan. Aku kaget, ujug-ujug ana rokok murup, ya nyata ana mawane mlaku-mlaku pindhah-pindhah nek dhuwur seka saka guru siji pindhah nek saka guru sijine, jur pindhah eneh nek saka guru katelu, trus pindhah eneh nek saka guru sijine. Omahe embahku iku wangunane joglo utawa omah pencu. Saka gurune papat gedhe-gedhe digawe saka kayu jati sing diukir dhuwur.
            Pisanan aku gak wedi. Malah takdelok terus, aku mandeng mentheleng anane rokok murup mlaku dhewe. Jroning batin aku takok karo awaku dhewe. Sing udut sapa leh. Gak ana uwong kok nek dhuwur rokok murup. Nanging suwe-suwe aku wedi. Ambune pega rokok persis wong ngrokok umume. Kelap-kelip mawa rokok iku nek ndhuwur saka guru. Aku trus mandeng mawa rokok. Mak, brabat! Aku mlayu metu njaba. Aku balik nek nggon wong duwe gawe neh. Wong tuwa-tuwa sing dha njagong padha gumun. Sateruse aku ra wani turu meneh ana umahe simbah.(Rampung)